The Best In The Class
Tema : Kriminal
Lakon : 1. Aziz Hidayatulloh (Sarto Prawirorejo
Sasongko Margito)
2. Emi Wijiyanti (Raden Ayu Sumartini)
3. Hestriana Kusumaning Tyas (Lady Gaga Sanjaya)
4. Imam Teguh Prasetyo (Teguh Prasetyo)
5. Lily Kamalia Ihsana (Anindita Ana Puspita)
6. Sely Nur Fitriani (Saliah Margito alias sely)
7. Siti Futikhaturohmah (Juminten)
Jum : “An….kowe agi ngapa janeh? “
Ana :” Ya agi facebookan Yung lah, biasa bocah gaul….”
Jum :
“Oalah bocah, kowe ora ngerti apa nek nang mburi esih mblarah-mblarah, piring
urung diasaih, klambi urung di kumbah, jogan ngeres, kowe koh malah facebookan”
Ana : “Oh, Lah nyong sih kon kepriwe?”
Jum :
“Ya di rikati An…aja dolanan facebook bae, biyunge gole utang go nukukna kowe Laptop tulih go sinau, udu go
facebookan bae”
Ana :
“Bebeh lah, wong fasilitas ya dinikmati bae, dari pada nganggur. Sinau tulih
nang sekolahan, nek nangumah ya mangsane facebookan ben gaul, ora kudet. Nek
kudet ngko gari ora due batir”
Jum :”
Tapi mbok ya liren sedela ngrewangi biyunge disit. Nyong kesel nembe bali kerja
malah weruh umah morak-marik ora nggenah”
Banjur
gue, batire Ana teka, arep nyengi belajar bareng
Sely :
“Assalamu’alaikum, Ana…”
Jum :”Kae
batirmu teka, ngomonge ora due batir. Ngeneh Sel mlebu”
Sely :”Assalamu’alaikum
Bu Jum, Ana wonten teng nggriya?” (salim)
Jum :”Wa’alaikumsalam,
ana kae nang njero, agi dolanan, biasa kapan bae, nangendi bae selalu Update”
Sely :”Oh
iya, maturnuwun Bu”
Jum :”Ya
wis nganah, nyong arep rikat-rikat disit nang mburi”
Sely
ketemu Ana sing agi dolanan Laptop
Sely :”Wiiiih,
Ana, Laptope sapa An? Keren temen”
Ana :”Ya
Laptopku yah…”
Sely :”Sapa
sing nukokna An?”
Ana :”Ya
biyunge lah…”
Sely :”Wiiih,
keren yah, berarti biyungmu eman ya An, ora kaya Bapakku”
Ana :”Mulane
njaluk tukokna ya Sel, Bapakmu kan polisi, duite akeh”
Sely :”Lah
wong genah ora gelem An lah. Oya nyong arep nyengi kowe sinau sejarah koh”
Ana :”Lah
ngapa sinau, panas-panas kaya giye sinau apa mudeng, mending facebookan bae”
Sely :”Tapi
kan dewek kudu nggarap tugas, ngesuk di kumpulna An”
Ana :”MasyaAlloh”
(kaget)
Sely :”Gue
kan, kowe nembe kemutan, mulane aja facebookan bae ya”
Ana :”Iiihh...Unyu-unyu
banget…”
Sely :”Apane
sing unyu-unyu? tugas sejarah An”
Ana :”Deleng
geh Sel, bocah koh gagah banget, unyu-unyu, imouts, manis manja grup”
Sely :”Astaghfirullohal
adzim, ujarku…”
Ana :”deleng
geh Sel, ngeneh. Teguh prasetyo, gagah banget, luwih gagah kan artis Korea,
sapa kae yah…Tawon…”
Sely :”Siwon!
Ngawur temen kowe”
Ana :”Oh
iya dink, Siwon”
Sely :”Ndeleng
ngeneh…….Ih, gue tah rai-raine playboy cap kadal”
Ana :”Hus
ngawur, masa bocah gagah kaya giye diarani playboy cap kadal”
Sely :”Heeee,
kowe ora ngeri njerone kon”
Ana :”Emange
aku dokter bedah apa kon ndeleng njerone? Ya wis nek arep sinau gari sinau, nyong arep
facebookan disit”
Sely :”Ye…bocah
diomongi ora ngandel, wis lah, aku arep bali bae, dari pada ndelengna kowe
facebookan, Assalamu’alaikum”
Ana :”Ya,
Wa’alaikumsalam”
Kawit kuwi Ana dadi seneng banget facebookan karo Teguh. Salah
suwe ketemuan, terus malah nganti pacaran. Ana ngakune anake wong sugih, tapi
jane ya anake wong biasa. Sawijining dina Ana mbolos sekolah ugur go ketemu
karo Teguh.
Ana :”Mas, kowe lah unyu-unyu banget luh”
Teguh :”Iya
genah Mamas unyu-unyu, tapi siki agi labil ekonomi go facial, apa ngesuk isih
bisa unyu-unyu yah?”
Ana :”Tenang
bae Mas, nyong kan anake wong sugih, duite akeh, dadine ya gampang lah, bisa di
atur”
Teguh :”My
Ana lah bisa bae koh, Mamas seneng lah due pacar kaya Ana”
Ana :”Nyong
ya seneng banget Mas, due pacar Mas Teguh sing unyu-unyu”
Banjur kuwi, Teguh
sebenere malah wis due pacar asli jenenge Lady Gaga Sanjaya sing matrene ora
ketulung-tulungan.
Lady :”Mas
Teguh, ngerti ora, wingi batirku
tes tuku jam anyar, maen banget luh mas, aku tulih iri, masa aku ra ditukukna”
Teguh :”Oh
My God! My Lady, kader jam be gawe kontroversi hati. Lah kae jamme Mamas nang
tembok gari digawa bali nganah, Mamas rela lah nek go My Lady”
Lady :”Loh
kok jam nang tembok sih Mas? Jam tangan luh, sing warnane kuning-kuning kae,
sing kerlap-kerlip”
Teguh :”Jam
tangan maning, ujarku kowe wingi tembe tuku jam tangan, masa arep tuku maning,
ya gawe konspirasi ekonomi”
Lady :”Tapikan
warnane udu kuning kerlap-kerlip Mas…”
Teguh :”Gari
ditambaih kunang-kunang koh angel-angel temen”
Lady :”Iiiiih,
Mas teguh genah iya koh, maksude luuuuh”
Teguh :”Iya
iya lah, go My Lady apa sih sing ora, tapi Mamas agi labil ekonomi”
Lady :”Lembo
lah, biasane ya Mamas due duit, giliran aku njaluk jam gari ngomonge labil
ekonomi”
Teguh :”Ya
wis lah, gampang, ngesuk tak goletna, go My Ladi sing ayune ora
ketulung-tulungan apa sih sing ora”
Lady :”Mas Teguh bisa bae, maturnuwun ya Mas”
Teguh :”Iya”
Tini :”Sel, melu aku yuh meng restoran, ngko
tak gratisi lah”
Sely :”Tumben temen kowe arep nggratisi nyong,
apa kowe due duit?”
Tini :”Ora sih”
Sely :”Wong
ora duit sok-sokan arep nggratisi nyong laaaaaah, ngko ya pol-pole nyong sing
tekor”
Tini :”Heh,
rungokna disit, geh ya, aku kan due pacar anyar, jenenge Mas Teguh, ngko kae
sing arep nggratisi, nah dadine nyong nyengi kowe, kurang apik apa nyong karo kowe
jejel?”
Sely :”Temenan
apa?”
Tini :”Temenan
lah, masa nyong nglembo”
Sely :”Ge
udu akal-akalanmu mbok?”
Tini :”Ya
Alloh, curigaan banget sih kowe, ya ora lah”
Sely :”Temenan
luh, aku ora tanggung jawab nek ana apa-apa”
Tini :”Iya,
wis ayuh mangkat”
Tini karo Sely sidane meng restoran,
nang kana ketemu karo Teguh. Pas pertama ketemu, Sely sebenere kaget, sebabe
Teguh gue wong sing tau ditidokna Ana nang facebook, kalingane pacareTini, batire
dewek. Deweke mangkel weruh batire diselingkuhi, tapi wong wis terlanjur tekan
restoran, dadi ya kepeksane Sely maem bae, dasare ya anu digratisi mbarang,
dadine eman-eman nek ditinggal lunga. Tapi rencanane deweke bakal lapor meng
Ana.
Sely :”An…Ana, aku due info penting go kowe”
Ana :”Info apa janeh?”
Sely :”Geh yah, ternyata Mas Teguh wis due
pacar”
Ana :”Sing bener Sel?”
Sely :”Iya
An, wingi kan aku disengi batirku maem nang restoran. Batirku gue kalingane pacare Mas Teguh. Nah sing nggratisi aku karo
batirku ya Mas Teguh”
Ana :”Aja
ngarang kowe Sel, kowe salah weruh mbok?”
Sely :”Salah
weruh kepriwe, wong aku njegong nangarepe Mas Teguh ana setengah jam”
Ana :”Ora
mungkin nek Mas Teguh selingkuh, wong deweke ya wis ngomong, nek aku gue
siji-sijine pacare, dadi ora mungkin nek Mas Teguh duwe pacar seliyane aku”
Sely :”Sing
jenenge wong lanang gue ora kabeh bisa dipercaya. Mending saranku kowe secepete
putus karo Mas Teguh nek ora kowe rugi An”
Ana :”Aku
ora percaya karo kowe Sel, Mas Teguh ora mungkin tega meng aku, paling giye
ugur akal-akalanmu men aku putus karo Mas Teguh. Kowe iri kan sebabe aku pacaran karo Mas Teguh sing
gantenge ora ketulung-tulungan”
Sely :”MasyaAlloh
An, aku ora nana maksud kaya guwe, aku ugur ngomong apa anane, nek kowe ra
percaya ya karepmu An, sing penting aku wis ngelingna kowe”
Ana :”Aku
pancen ora percaya meng kowe Sel”
Sely :”Ya
wis nek ora percaya, mending aku bali!”
Rencanane Sely ngelingna Ana kalingane
gagal, sebabe Ana lewih percaya meng Teguh dari pada meng dewekne, palahan siki
Ana kesuh lan ora gelem batiran maning. Selawase telung wulan Ana diporoti nang
Teguh, tapi deweke ora krasa lan ora mikiri biyunge gole jempalikan gelet duit.
Sing penting deweke seneng. Tapi sue-sue deweke juga mikir nek pacaran karo
Teguh diitung-itung rugi, sebabe nek jalan-jalan bareng sing mbayar deweke, nek
disengi maem bareng nang restoran sing mbayar ya deweke, ana ngakune dompete
ketinggalan, apalah, pokoke werna-werna. Akhire deweke krasa bosen lan kepengin
putus karo Teguh.
Ana :”Mas, aku pengin putus lah”
Teguh :”Lah kenangapa sih?, jerene Ana tresno meng
Mamas, deneng njaluk putus?”
Ana :”Nyong
bebeh lah pacaran karo Mamas, rugi tok, masa apa-apa aku sing nggratisi, apa
Mamas ora isin”
Teguh :”Ya
aja kaya gue An, nek dompete Mamas ora ketinggalan tulih wis tak gratisi”
Ana :”Lah
ngakune dompete ketinggalan terus, pokoke aku arep putus”
Teguh :”Aja
ya An, Mamas esih tresno meng Ana koh”
Ana :”Moh,
pokoke aku njaluk putus, titik”
Teguh rasane mangkel banget, padahal
deweke agi butuh duit go nukukna Lady kalung emas, tapi Ana malah njaluk putus.
Deweke golet cara men bisa ulih duit gue, masalaeh Lady wis ngancem, nek ora
ditukukna kalung bakal njaluk putus. Akhire deweke nekat nyulik Ana ben bisa
njaluk tebusan meng wong tuane Ana, deweke ngertine Ana anake wong sugih, dadi
mesti nek njaluk tebusan bakal ulih duit akeh.
Sore-sore Sely dolan mengene Ana,
niate arep maafan, soale wis telung wulan musuhan. Tapi deweke weruh Biyunge Ana
agi mondar-mandir nangarepan kaya wong bingung
Sely :”Assalamu’alaikum, Bu Jum, Ana mpun
wangsul dereng?”
Jum :”Wa’alaikumsalam, Urung Sel, nyong bingung, kae bocah
mengendi, padahal wis arep magrib tapi malah urung bali-bali, kowe dengaren wis
sue ora ngeneh?”
Sely :”Enggih
Bu, kulo seg enten masalah kalih Ana, mergane kulo jarang dolan, Ana sanjange
badhe teng pundi?”
Jum :”Ngomonge
sih ugur arep dolan, tapi ngantek jam semene urung bali, nyong dadi kawatir”
Ijig-ijig Hpne Juminten moni
Jum :”Kang
sapa geh Sel?” deneng ora nana jenenge?”
Sely :”Diangkat
mawon Bu, mbok menawi saking Ana”
Jum :”Assalamu’alaikum,
niki sinten nggih?”
Teguh :”Apa
bener giye wong tuane Ana?”
Jum :”Iya
bener, giye sapa?”
Teguh :”Ora
penting nyong sapa, sing penting siki anake rika agi karo nyong, nek kepengin
anake bali slamet, siki siapna duit sepuluh juta go tebusan.”
Jum :”Apah?
Maksude kowe nyulik anakku?, nyong ora ngandel, apa buktine nek kowe nyulik
anakku?”
Teguh :”Siki
anake rika agi nang sandingku, cepet ngomong!”
Ana :”Yung
tulungi aku lah, aku diculik Yung…”
Teguh :”Wis
aja kesuwen gole ngomong, ngko pulsaku entek, siki rika percaya mbok?, nek
kepengin anake bali waras siapna duit sepuluh juta, kontan!”
Jum :”Sepuluh
juta? Kontan? Apa engganeh ora bisa dikredit?”
Teguh :”Ya
ora bisa! Pokoke kudu kontan!”
Jum :”Sepuluh
juta nyong arep ulih duit kan ngendi?, wong go lairane Ana ya nyong esih
ngredit ngantek siki urung lunas, koh kowe malah njaluk kontan”
Teguh :”Loh
jerene wong sugih, masa lairan bae kredit, tapi ya karepe rika lah arep kepriwe
carane. Tak tunggu sejam kan siki, pokoke wis kudu ana sepuluh juta, tak enteni
nang mburi prapatan kebon gedhang, aja nggawa sapa-sapa, aja lapor polisi!”
Jum :”Halo,
halo! Aja di pateni disit, aku esih perlu ngomong, heh… pulsane entek apa yah?”
Sely :”Kepripun
Bu?”
Jum :”Ana
diculik Sel, penculike njaluk tebusan
sepuluh juta, kepriwe Sel?
nyong bingung ra duwe duit”
Sely :”MasyaAlloh,
nggih mpun, lapor kemawon meng bapak kulo, ben penculike bisa ketangkep”
Jum :”Tapi
jere penculike kon aja lapor polisi”
Sely :”Mboten
napa-napa Bu, InsyaAlloh bapak kula saged ngatasine”
Sely
karo Juminten secepete meng umaeh Sely, arep lapor meng bapake Sely.
Jum :”Assalamu’alaikum,
Pak Sarto Prawirorejo Sasongko Margito, tulungi nyong Pak”
Sarto :”Wa’alaikumsalam
Bu Jum, ana apa, deneng gugup temen?”
Jum :”Anakku,
anakku pak Sarto, Ana diculik, penculike njaluk tebusan sepuluh juta, kepriwe
lah, tulungi nyong”
Sarto :”Iya
iya, siki rika tenang disit…”
Jum :”Tenang
kepriwe? Wong anakku diculik masa engganeh kon tenang bae!”
Sarto :”Iya
iya, aku ngerti, terus nyong kon mbantu ngapa?”
Jum :”Rika
mbok polisi kudune ya ngerti lah”
Sarto :”Oya
ding, ya wis nyong ganti sragam polisi disit”
Jum :”Ora
usah! Ngko selek anakku kenangapa-ngapa, wis siki langsung mangkat bae meng
mburi perempatan kebon gendhang, penculike ngenteni nang kana”
Sarto :”Sel,
kowe nangumah bae ya, aja melu, bahaya!”
Sely :”Inggih
Pak”
Jum :”Uwis
ayuh cepetan tulungi anakku!”
Sarto :”Iya,
iya sabar…”
Banjur kuwi Pak Sarto karo Juminten
meng mburi prapatan kebon gedhang. Teguh karo Ana wis ngenteni. Tangane Ana wis
dibanda lan lisane dilakban. Juminten etok-etoke nggawa tas gedhe nanging
langka duwite. Pak Sarto umpetan nang mburi wit gedhang. Juminten medeki Teguh
dewekan. Deweke ngendhap-ngendhap amargi wedhi. Aneeh Teguh malah ngundang
warga-warga, sebabe deweke nyangka nek wong wadhon gue maling umaeh.
Teguh :”Maling....maling.....”
Para warga pada teka lan gumun
sebenere ana apa magrib-magrib wong melung-melung
Sarto :”Iya gueh, ana maling, maling wong”
Banjur guwe Teguh ditempilingi nang
warga
Sarto :”Aja aja, aja main hakim dewek-dewek”
Pak Sarto ngalang-ngalangi warga men
Teguh ora digebugi, tapi malah Sartone melu digebugi.
Jum :”Wis wis, aja digebugi, giye Pak polisi, ngko
pada mlebu penjara luh”
Para warga pada mandeg nggebugi
Teguh lan Pak Sarto
Lady :”Mas
Teguh, deneng Mamas ditempilingi, kenangapa sih? Ya ampun, Mamasku sing
gantenge ora ketulung-tulungan dadi bonyok kaya giye, jan melaseh”
Sarto :”Siki
kowe melu nyong meng kantor polisi, atas tuduhan penculikan karo penipuan”
Lady :”Deneng
arep digawa meng kantor polisi? Kepriwe ceritane? Mas sebenere giye ana apa
sih?”
Ana :”Mas
Teguh wis nyulik nyong, sebabe nyong wis ora gelem diporoti maning, nyong
pokoke siki mutusna koe Mas!”
Teguh :”
My Lady tulungi Mamas lah....”
Lady :”Bebeh,
nyong bebeh nulungi Mamas, Mamas wis
ngianati nyong, nyong
njaluk putus pokoke”
Teguh :”Ya
ampun, deneng kowe malah njaluk putus, Mamas agi rekasa koh, arep digawa meng
kantor polisi maning”
Lady :”Mbuh
lah, BT nyong...” (lunga)
Tini :”Aku
ya njaluk putus Mas lah, nyong bebeh dadi pacarmu maning! Penghianat koe Mas
lah”
Teguh :”Oh
My God!, deneng pacare nyong malah pada njaluk putus kabeh sih lah,
frustasi...frustasi...”
Sidane Teguh digawa pak Sarto meng
kantor polisi lan di penjara selawase sewu dina, telung jam lewih sepuluh menit
rong detik.
Ana :”Aku dingapurani mbok?”
Sely :”Ya
An, mulane koe aja gampang
percaya meng wong sing nembe dikenal, nang njaba bisa bae manis, tapi nyatane
ukur aweh harapan palsu.
Tamat
0 komentar:
Posting Komentar